
WARUNG MAKAN REJEKI ATI
Wawan rembug kaliyan
IBU SITI ROBI’AH

Dening :
Ira Fitriawati
Kelas XI IPA 1
SMA NEGERI 2 GRABAG
Tahun pelajaran 2012/2013
Identitas
narasumber
Asma : siti
robi’ah
Papan panggonan lair
/ umur : grabag, 24 mei 1971
Padunung
: RT 05/ RW 02 Tegalrandu, grabag,
magelang
Pakaryan / panggonan dines : rumah makan rejeki ati dalam terminal pasar
grabag
Kaluwarga : a. Garwa : Rustam Effendi
b. para
putra : 1. Muad Arrozi
2. Ulya Nelawati 3. Sufia Ulinadwa
4. Bian Faisal Akbar
5. Alm. Adib Lasbiah Kahar
6. Nabila Farah Agustina
Tb motivasi : ‘maju
terus pantang mundur’
Tapak
asta
Siti
Robi’ah
Isine wawan rembug siswa lan ibu seng
nduweni warung makan rejeki ati :
Ira :
“assalamu’alaikum....?”
Bu robik : “wa’alaikumsalam ndug, mrene...”
Ira : “ sek
sibuk napa budhe??”
Bu robik : “ ora sibuk, rene ana apa? Maem sek kene...”
Ira :
“ ngeh mangkeh budhe, niki bude kula angsal tugas saking sekolahan badhe wawan
rembug, nag kula maturake pitakonan kalihan budhe angsal?? “
Bu robik : “ ngeh angsal ta ndug, nanging ramang angel-angel yo...”
Ira :
“ ooo... ngeh budhe, oya budhe sampun pinten taun budhe bikak warung mnika??”
Bu robik : “ yo nak kui kirang lueh wes 2 taunan, nag ra
salah
saking wulan april 2010...”
Ira :
“ ngeh sampun dangu ngeh budhe, sale bikak warung mnika, la modalipun telas
pinten ngeh budhe, mnawi bikak warung mnika?”
Bu robik : “ yo jajal itung ae ir, gawe tuku kiose, peralatan dapure,
etalase, tuku meja karo kursi, listrike.. ha kui gek modal pokok..”
Ira :
“ ngeh ageng ngeh budhe modalipun, niku mawon sek modal pokok dereng ingkang
lintu-lintu nipun ngeh budhe?”
Bu robik : “ yo sing gawe bahan panganan seng arep di dol, kan modale kui
ora tetep ir,”
ira :
“ow ngeh, budhe mnapa mawon menu ingkang ka sediaaken?? “
bu robik : “ wagh ya akeh ndug, ana menu ingkang spesial, ana menu ingkang
byasa-byasa mawon...”
ira : “ menapa mawon ngeh budhe menu
kang spesial niku??”
bu robik : “ werno-werno ir, ana opor enthok, ayam kampung, gulai kambing,
gulai sapi, rica-rica enthok, gulai endhas,”
ira :
“ menawi menu ingkang byasa mnika sayur mayur ngeh budhe?? “
bu robik : “ ha’a ir, la kui ana sayur ijo-ijoan kayata, godong
gandul,pecel, jamur, semur jengkol, sambel kosek ya ana...”
ira :
“ katah ngeh budhe menu nipun, la unjuk anipun napa ngeh bude??”
bu robik : “ ya ana es teh, es jeruk, soda gembira, kopi, kopi susu, susu
jahe”.
Ira :
“ kinten-kinten saget dipun njangkau kaleh lare-lare sekolah mboten ngeh
budhe??”
Bu
robik : “ yo saget, manut karo pesanane
bocah ir”.
Ira :
“ ngeh pelanggan tetap niku sinten mawon, ingkang sami tumbas teng mriki
budhe??”
Bu robik : “ byasane ki pegawai-pegawai, supir, pedagang pasar, wong
ngetoki kayu, yo pokoke akeh ndug”.
Ira : “
menawi pak guru lan bu guru, enten ingkang mriki budhe?”
Bu robik : “ yo engeh ndug , nek ana pesenan, nang kene ya isa kathering ,
isa nglayani pesenan partai gedhe utawa
chilik”.
Ira : “ ngeh rame trus warunge budhe??”
Bu robik : “ yo ora mesti, nek pas dina pasaran ya rame, nek ora dina
pasaran ya sedengan wae”.
Ira :
“ la budhe katah ingkang sami tumbas mriki ngeh, budhe angsal rewang pinten?? “
Bu robik : “ nduwe 3, ana sing bantu resik- resik, dadi kasir, pelayan, yo
pada nulung- nulungi lah..”.
Ira : “
budhe milahipun bikak warung kinten-kinten jam pinten??”
Bu robik : “ nak buka byasane jam 7.30 WIB lan tutupe niku jam 17.30 WIB”.
Ira :
“ ngeh sayah ngeh budhe, menawi ngelola warung makan menika menapa ngeh ingkang
budhe raosaken? “
Bu robik : “yo seneng nek dagangane payu, laris, nanging susah nek
dagangane iseh akeh, ning yo wes dadi resiko wong dagang matengan ta ir”.
Ira :
“ ow ngeh menawi angsal ngertos omset ingkang budhe angsal kinthen-kinthen
pinten ngeh??”
Bu robik : “ omset sedina kirang luwih Rp 700.000,00 tekak Rp 1000.000,00
ning iku iseh karo kotore”.
Ira :
“ ngeh pun lumayan budhe, sak derengipun kula maturnuwun anggenipun budhe saget
ngluangaken wektunipun budhe”.
Bu robik : “ya rapapa ndug, mugi-mugi katrangane budhe dadi manfaat yo..”
Ira : “ ngeh budhe matursuwun J.”
Lampiran

Warung makan bu robik




